Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Tembang Macapat

Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Tembang Macapat

Berikut ini adalah latihan Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Tembang Macapat lengkap dengan kunci jawaban. Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Tembang Macapat ini terdiri dari 20 soal pilihan ganda, 10 soal isian, dan 5 soal uraian. Seluruh Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Tembang Macapat bersumber dari Kurikulum 2013. Semoga Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Tembang Macapat ini dapat dijadikan referensi untuk belajar khususnya siswa kelas 6 yang menggunakan Kurikulum 2013. Berikut Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Tembang Macapat.


I. Wenehana tanda ping (x) aksara a, b, c utawa d ing sangarepe wangsulan kang kok anggep paling bener!
1. Puisi jawa gagrag lawas kang dilagoake lan kaiket dening paugeran tartamtu diarani tembang ….
a. macapat
b. kawi
c. dolanan
d. sekar ageng

2. Tembang macapat mujudake salah sijine jinis lagu dhaerah utawa tradhisional jawa. Jinise tembang macapat kuwi ana .... 
a. 10
b. 11
c. 12
d. 13

3. Tembung macapat tegese .... 
a. maca papat-papat
b. maca cepat-cepat
c. maca seprapat
d. maca

4. Tembang macapat uga bisa diarani tembang .... 
a. tengahan
b. gedhe
c. cilik
d. kuna

5. Tembang macapat itu awujud .... 
a. lelagon
b. drama
c. lundruk
d. unen-unen

6. Mijil, Kinanthi, Pucung, Sinom, Pangkur, Asmaradana, Dhandhanggula, Durma, Gambuh, Maskumambang, lan Megatruh kalebu jinise tembang .... 
a. jawa
b. kenangan
c. daerah
d. macapat

7. Gegambaran ngenani cakriking tembang sing kamot sajero tembang diarani .... 
a. watake tembang macapat
b. sasmitane tembang macapat
c. titikane tembang macapat
d. pangripta tembang macapat

8. Paugeran tembang macapat iku ana telu, yaiku .... 
a. guru gatra, guru wilangan, guru lagu
b. guru lagu, guru kula, guru liya
c. guru wilangan, guru siji, guru telu
d. guru gatra, guru liyane, guru lagu

9. Tembung tartamtu sajeroning tembang sing bisa nduduhake jinise tembang diarani .... 
a. sasmitane tembang
b. watake tembang
c. titikane tembang
d. guru gatra

10. Cacahe wanda saben sagatra diarani .... 
a. guru tembang
b. guru wilangan
c. guru lagu
d. guru gatra

11. Tibane swara ing pungkasaning gatra diarani .... 
a. guru gatra
b. guru wilangan
c. guru lagu
d. guru tembang

12. Tembang Mijil nduweni watak .... 
a. gandrung
b. sereng
c. prihatos
d. luwes

13. Watak wantah diduweni tembang .... 
a. pucung
b. gambuh
c. sinom
d. asmaradana

14. Guru wilangan lan guru lagu 12u, 6a, 8i, 12a diduweni tembang .... 
a. kinanthi
b. maskumambang
c. pucung
d. pangkur

15. Tembang macapat sing gatrane mung papat yaiku ....
a. pangkur
b. gambuh
c. pucung
d. dhandhanggula

16. Guru wilangan lan guru lagu saka tembang macapat ing ngisor iki .... 
Gambuh
Sekar gambuh ping catur, 
Kang cinatur, polah kang kalantur, 
Tanpa tutur, katula-tula katali, 
Kadaluwarsa kapatuh, 

Kapatuhpan dadi awon .... 
a. 7u, 8i, 8u, 8i, 8o
b. 6u, 8i, 10u, 6u, 8o
c. 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
d. 12u, 8u, 10i, 8u, 80

17. Isine tembang pucung iku lumrahe ...
a. kasmaran
b. getun
c. susah
d. pitutur

18. Tembang macapat kang awujud lelagon kang ngilingake urip bebrayan lan cita-cita yaiku isine tembang .... 
a. sinom
b. kinanthi
c. pucung
d. maskumambang

19. Tembang macapat disebarake dening .... 
a. KGPAA Mangkunegara IV
b. Pakubuwana IX
c. Hamengkubuwana IX
d. Wali Sanga

20. Gatekna tembang kanthi permati!
Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangadhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Kangiga-iga kaeksi

Tembang kinanthi kasebut nduweni guru wilangan ….
a. 8, 8, 8, 8, 8, 8
b. 8, 7, 8, 8, 9, 8
c. 7, 8, 8, 9, 7, 8
d. 8, 8, 7, 7, 9, 8

II. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi pratitis!
Wacanen tembang ing ngisor iki!
Mingkar mingkuring angkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung,
Kang tumrap wong tanah Jawa,
Agama ageme aji. 

Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1. Tembang ing dhuwur kalebu tembang apa? 
2. Golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune!
3. Apa isine tembang mau? 
4. "Mrih kertarta pakartining ngelmu luhung", apa tegese ukara kasebut?
5. Tembang ing dhuwur gancarna nganggo basamu dhewe!

Posting Komentar untuk "Soal Bahasa Jawa Kelas 6 Materi Tembang Macapat"